Monday, May 6, 2013

Kanugrahan




Udan saka mau awan durung leren. Truk wedi sing biyasane liwat ping papat nganti ping lima saben dinane, dina iki babar blas ora ono sing lewat. Gunung merapi sing njebluk dino-dino kepungkur marai atine Darno samsoyo kethar-kethir, duwit sing ono kanthong gari isih telung ewu, cukup kanggo tuku kopi segelas, rokok rongler. Isih maneh gerimis ngene iki marai  wethenge krasa mlinthir, krasa luwe amargo soko mau esuk mung sarapan pohong goreng loro, iku wae sing akek mas Jiman.
“Ojo mung ngalamun, dadi wong cilik kudu ikhlas, ora oleh ngresah. Sing isoh dilakoni saiki dilakoni wae. Ora oleh mikir liya-liyane.”
“Ning piye tho, Mas.”
“Piye apane, bojomu sing wis arep mbabari?”
Sakbanjure mas Jiman ngelongake rokok tingwe, nanging Darno milih mbakau lan sek sing isih ono njeru bundelan, lan tangane nglinting mbakau mau. Kanggo ngilangke adem lan nahan luwe isohe mung klepas-klepus, sanajan mbakaune apek.
“Kok yo, njebluk to, Mas?”
Pitakone Darno karo ngleposke pelok dadiake mas Jiman kaget, nanging mung sedelo. Wong tuwo sing umure seket taun kuwi bali maneh karo lambene sing klepas-klepus lan nyawang banyu sing nlisir cagak omah.
“Ngene iki kersane gusti, ora ono manungso isoh ngowahi opo sing wis dadi pepesthi. Mbok arep nggawe opo wae kangga mbendung bebendhu, arep nganggo alat sing canggih koyo ngopo, nek Gusti ora marengke, pintere manungso mung sak regete tumo.”
“Lha opo laire anakku pas aku ora duwe duit yo dikersake Gusti Aloh ngono kuwi?”
Mas Jiman ora njawab pitakon kuwi, nanging matane nyawang raine Darno sing katon melas meh wae rai kuwi ora ono getihe, ora ono pangarep-arep kanggo sesuk-esuk.
**
Omahe bidan Dibyo akeh banget sing lagi bayen, wis ora ono kamar kosong. Bejone Darno isih isoh manggon kamar paling pojok, pinggir kebon. Ing omah bayen sing jembar kuwi ora ono pawongan sing mrengut, kabeh koyo kebak bungah. Podho geguyonan lan jagongan gemreneng. Ing kamar liyane tangise bayi malah dadi gendhing dhewe, koyo balapan karo gemrenenge sing podho thilik.
“Ojo kakehan ngalamun, No, cepet dijupuk thermos wedang panas, engkow bengi isoh lak dinggo nggawe kopi apa teh.”
Darno isih meneng, gegere isih semendhe ono tembok nyawang bojone sing turu saka mau sore.
“Cepet tho, Le!”
Omongane simbok babar blas kaya ora dirungoke Darno. Simbok banjur nyedhak lan njiwit tangane Darno.
“Le, gek ndhang mangkat kana lho!”
Darno hanjegegeg, kaget ngrasake tangane lara.
“Ojo mung nglamun wae. Ono wong tuwa saka mau ngomong malah mung disepelekke. Cepet dijupuk thermose!”
“Nggih, mbok, sinten sing nglamun niku?”
Darno semawur karo nyedak bojone, nyawang sedela sakbanjure mlangkah metu. Simbok mung ngurut dada nyawang manthune sing koyone lagi bingung kuwi.  
Lakune Darno alon-alon, laku macan luwe, matane wis mbrebes mili. Dadi wong urip sing dirasakke paling abot koyo wengi iki. Sanajan kabeh uwong ngomong dheweke enthuk kanugrahan, nanging Darno sing ngrasake malah sakwalike.
“Anakmu lair lanang, slamet, nggantheng koyo bapakke. Apa maneh iki wulan becik, wulan Besar sing akeh kaberkahan.”
“Kudune kowe akeh syukur, No, bojomu ora sah operasi bedah. Dadi duwite ora enthek akeh.”
Darno ora isoh lali alemane mas Jiman, nanging pendhak kelingan swara kuwi atine malah kemebyar, ana rasa wedi banget. Apa maneh dheweke babar blas ora nyekel duwit. Soko ngendi engko anggone bisa mbayar biyaya mondhok, soko ngendi engko nggawe bancakan kanggo bayi sing jarene wong akeh gantheng.
Sajroning ngalamun lan sikile mlangkah, koyo-koyo sak ngarepe ana kemlebat nganggu matane Darno. Wulu ghitoke njegrag, wedi menowo kuwi mau demit sing nunggu wit ringin prapatan sarean. Mlakune dadi jegegeg, ngamati tenanan apa satemene sing kemlebat kuwi mau.
“Mbek…mbek…”
Atine Darno samsoyo menciut, omonge wong akeh demit prapatan sarean biyasane isoh ngembo apa wae. Krungu swara kuwi samsoyo njegrag wulu githoke. Sanajan wedi, nanging matane ngawasi kanthi premana nggon sing petheng kuwi.
“Mbek…mbek…”
Kuwi pancen wedhus, nanging wedhuse sapa wengi-wengi klayapan ana sarean, bathine Darno. Sikile jangkah alon-alon, nyedhaki kewan kuwi. Wedhuse manut banget, ora nggronjal-nggronjal sanajan taline diranggeh Darno. Sakngertine Darno kabeh wedhus sak ndhesa wis dibeleh riyaya wingi.
“Duh, gusti dongaku wis panjenengan ijabah.”
Wedhus mau banjur dituntun. Tujuane Darno mung siji. Pasar Carikan, pasar wedhus Carikan mesthi wus kebak wong. Raine Darno sing mau kesaphut awu, saiki mbranang. Lambene mung mesam-mesam enthuk kanugrahan gusti.
Nanging sakrojing ndalan lakune Darno dikagetke khaji Nur sing menehi salam karo Darno. Khaji Nur karo warga lagi ngempal ana mushola.
“Oalah, No, aku matur nuwun, jebule awakmu sing isoh nemukke wedhus iki. Aku kat wingi wis nggawe sayembara. Sopo wonge sing nemokke wedhus iki arep tak ganjar duwit.”
Darno sing krungu malah bingung, tali wedhus wis dijalok khaji Nur.
“Aku matur nuwun banget, sanajan pirang-pirang dina ilang, nanging wengi iki isih isoh ditemokke. Apa panjalukmu tak rewangi, klambi anyar, onthel anyar,  dhuwit, Apa pit montor anyar, omahmu dibangun. Apa? Apa penginmu?”
“Kulo mboten ngersake napa-napa, Pak Khaji.”
“O.o, aku ngerti susahmu, No. wedhus iki titipane wong, pirang dina meneh mesthi arep dijuphuk. Nek wedhuse ora ono engkow sing isin aku. Kowe sing nylametke aku, No.”
Darno samsoyo kaget, mung amarga wedhus sing regane paling seyuta, Khaji Nur arep menehi hadiah sing luwih akeh. Saking senenge nganti Darno semaput, wong akeh padha bingung.

kababar ing Solopos, Desember 2010

No comments:

Post a Comment

Palemboko, tempat nyaman penuh pesona

Tak ada habisnya, tempat yang nyaman selalu dicari. Waktu luang, dipergunakan untuk mencari hiburan, menenangkan pikiran, kenyamanan  dan me...