Thursday, May 16, 2013

Dak Waca Duhkita


Dhakwaca layangmu, Cah ayu
Warna ijo jambu sing mangsine luntur
Dadi abang mbranang, lan tumetes tanpa kendhat
Kaya banyu bengawan sing saben sore dhaksawang
Karo nunggu balimu, lan mrahoke prahu kertas
                                   pinangka layang kabarku
Sebab,  panen iki durung tuwuh ing jumbuh

Dhakrasake duhkitamu, Cah Ayu
Saben esuk lan wengi angin ngabarke tangis
Ngabarke awak lan derajatmu sing tirusak
Dening kahanan lan praharan

Among siji pasuwunku
Garis urip iku kudu diturut
Sabar lan ikhlas
Kaya godhong kang nunggu embun
Sing tumetes sajroning nunggu

Kanggo para TKW, 2010
(jayabaya, Minggu kapisan, Juli, 2011)

No comments:

Post a Comment

Palemboko, tempat nyaman penuh pesona

Tak ada habisnya, tempat yang nyaman selalu dicari. Waktu luang, dipergunakan untuk mencari hiburan, menenangkan pikiran, kenyamanan  dan me...