Saturday, December 10, 2016

Nunggu Sepur Senja Bengawan



Deni…, Deni…, ya jeneng kuwi sing ngebaki atiku esuk iki. Sanajan bagaskara  sumunar ana ing brang  wetan wus njalari kulit semlenget, nanging aku  isih sabar lungguh ana peron kene. Nunggu kanthi rasa ati tetep kebak rasa. Sing mesthi luwih akeh rasa bungah tinimbang rasa liyane jroning atiku. Setasiun Jebres ora tau sepi. Sansaya  awan setasiun ketambahan akeh calon penumpange. Wong lajon kang mangkat mergawe ana Ngayogjakarta jebul isih tetep akeh, ora bedha limang taun kepungkur.

Mbiyen sepur Prambanan Ekspres kang asring diarani prameks nate mbungkus crita endah. Sanajan mung seminggu sepisan mesthi wae aku dadi pelajon. Jumuah sore mulih Solo, Minggu sore wis bali maneh ana kosan,  kerepku ben senen esuk wus isoh ngijabahi ngawruh ana pawiyatan luhur. Mulane kancaku akeh sing omong menawa aku iki isih mbok-mboken. Ora isoh pisah saka ibune.

“Malem minggu, kepenak pacaran kok malah mulih.”
“Pacarane karo simboke!”
Aku mung mesem, mangkono iku uninane kanca-kanca mesthi saben setu esuk utawa Jumuah. Sakperangan kancaku nyawang malam minggu iku malem kang indah, bisa sih katresnan marang sir-sirane.
Kanca-kancaku uga ra reti saktemene mulihku nganggo Prameks iku ana sabab liyane.  Bisa-bisaku wae, wong digawani montor, pendhak dina numpak montor, lha kok mulih menyang Solo kurang luwih mung sejam wae kok milih nyepur. Salah sijine wanadya kang wis prenah nggawe atiku ser-seran, ketemu ana setasiun Lempuyangan. Lungguh jejer ana peron kaya nunggu sepur, nanging ora reti menawa sepur sing ditunggu jebul padha, sepur pramek kang kaaran randha amarga warnane ungu.

“Deni.”
Mengkana wangsulan cekak pambuka sakwise tak tetegne atiku nakoni asmane. Aku radha mak plenggong, mosok asmane kok kaya asmane lanang.
“Sinten, Mbak?”
Wanadya iku noleh, nyawang aku. Sepisane  radha mencereng, nanging trus mesem, nanging hamung sithik.
“Deni Ayu.”

Aku manthuk-manthuk, rumangsa enthuk angin. Seranong, mosok asmane kok kaya asmane lanang. hakbanjue malah nggawe aku isin, jebul tangane isih nyekel bukune sakwise tanganku arep ngejak salaman. Dheweke ora ngelungke tangane lan ora nakoni balik babagan jeneng marang aku. Raiku kaya cedhak mawa, dadi semlenget. Tujune sakitarku  padha ora nggateake, sibuk mencet hape.

Jenenge wae jodho, jebul Deni Ayu iku omahe jejer daleme Bulik Istiqomah malah tunggal sakpekarangan pisan. Deni ayu kaget pas dina minggu esuk lagi nyapu aku nyepedha ngeterke titipan ibu kanggo bulik. Wiwit dina minggu, pasemone kang sakdurunge judes dadi luluh. Eseme kang manis asring njedul, malah sakjroning turu wae njedhul barang.

Mulane saben ketemu ana kampus utawa sakdengah papan dadi akrab. Mula asring janjian mulih bareng, nyepur. Sepur iku unine Deni Ayu angkutan paling romantis, isoh kanggo ngresiki panyawang, isoh kanggo ngilangke pikiran kang njundhet. Sepur pancen bedha, aku luwih seneng nyepur mangkat-mulih Jogja. Apa maneh mesthi janjen mbi Deni.
Iku wus limang taun kepungkur. Sakwise lulus lan ditampa ana Departemen Kehutanan aku blas ra tau ketemu Deni. Apa maneh aku ditugaske ana Kalimantan lan keprungu menawa Deni sakwise lulus kerja ana Jakarta. Bulik Istiqomah uga asring crita menawa nganthi seprene dheweke durung duwe sisihan, malah pendhak mulih nakoke kabarku.

Apa-apa menawa jodho iku mesthi gampang wae. Wingi sore dolan ana daleme Bulik kok ana kabar menawa Deni arep mulih. Sakdurunge ora precaya menawa ngaggo sepur Senja Bengawan,
“Sanajan sepur ekonomi, nanging saiki wus resik. Ora kaya mbiyen maneh.”
“Lha Deni sampun sukses tho, mosok sepur ekonomi?”
“Deni iku wanadya kang bedha. Liyane ayu, prigel, setiti, seneng andhap ashor. Wah cocok pokoke nek dadi manthune mbakyu.”
Aku mung mesem ngrungoake pangalame bulik.
Bapak kalawan ibu radha kaget kok bar subuh wus nembung kunci mobil. Biyasane lungo ngonthel utawa nyepedha montor kok nyilih mobil barang. Ibu mung kaget dhaksauri menawa njmeput kanca ana setasiun.
“Kanca apa kanca?”
“Halah sibu ki, kaya ra tau enom.”
‘Dari arah barat di jalur tiga akan berhenti kereta api Senja Bengawan dari Jakarta tujuan akhir Stasiun Jebres.” Swara saka horen manehi cecala.

Atiku sansaya kemepyar, sedela maneh Deni mesthi kaget ketemu aku ana setasiun. Wus telung taun ora ketemu, mesthi wae pasunare samsaya ayu. Apa maneh saiki wus duwe kasil dhewe, dadi manajer ana sakjroning perusahaan distribusi salah sawijining kosmetik 

Dhumadhakan semboyan 35 keprungu tekan peron. Loko sepur Senja Bengawan alon nyedhak setasiun. Atiku samsaya bungah. Siji-siji wong mudhun saka sepur. Aku ngemati tanpa kedhep. Iku Deni, nganggo kerudung ijo nggawa tas cangkleng. Aku mlayu arep luwih nyedhak, nanging trus mandeg. Deni ora dhewe, ana pawongan lanang jebul ngetutke lan nggawaake tas gedhe. Mungkin wae kanca mlaku, pikirku. Bener, pawongan iku nyelehke tas trus mlaku nuju kamar mandhi.

Aku mlaku nyedhak, kurang luwih rong meter Deni katon kaget.
“Mas Rizal!”
“Iya, Dhik, Iki mau ngeterke kanca tindak Jogja.”
Aku goroh babagan iku. Trus njupuk tas gedhe ana ngarepe.
“Sekedhap nggih, Mas.”
“Lha nunggu sapa maneh?”
Let sedelo pawongan lanang mau teka.
“Niki, Mas, kenalne mbi calon kulo.”
Aku nratap, kaya wae setasiun ana gempa. Panyawangku lamur, ngadegku kaya kurang jejeg.
“Wonten napa, Mas?”
“O.....ora, dhik, ayo sisan wae nunut mobil.”

Deni karo pawongan lanang kang dikenalke calone iku ngetotke aku. Mlakuku kaya ora ngambah lemah. Atiku kemliyer. Ana mburi, gegojekan Deni karo calone nganggo bahasa indonesia samsaya nambahi atiku miris. Jebul Jodho iku dudu amarga rasa kang dipendhem, nanging kudu diomongke- aku rada nyesel.

Omah gedhek 2012

solo pos , Kamis Pahing 12 Juli 2012

Palemboko, tempat nyaman penuh pesona

Tak ada habisnya, tempat yang nyaman selalu dicari. Waktu luang, dipergunakan untuk mencari hiburan, menenangkan pikiran, kenyamanan  dan me...