Tuesday, April 30, 2013

Nyidham Sambel Welud




Dalanan wis sepi, amung suara garengpung ugo jangkrik sing ora kedhat ngerik. Jangkah sikil Warno samsoyo rikat, sanajan dalan pathing grinjal nanging  sikil mau koyo isoh moco ngendi lemah sing ora gawe tatu ing dlamakan. Suminar  rembulan terang nanggal purnama, padhang jiglang, bedho karo wengi wengi kepungkur kang katutup mendhung.
“Mugi Gusti mangestoni kegayuhan becik iki.” bathin Warno.
 Pikirane Warno pathing klidhang, Lastri sing lagi ngandhut enom kudu njalok dikancani, ora gelem ditinggal sanajan sedelo maneh. Nanging sore iki mau ono janur gunung. Lastri kepingin maem sambel welud, welud ora mung sembarang welud,
“Po yo isoh  tho, Dik, dudu musim panen angel nggolek welud.”
“Iki dudu kanggo aku lho, Mas, kanggo jabang bayi sing tak kandhut iki.”
Warno kaget, raine sing mau sumringah koyo gosong. Semono uga Lastri sing nemoni bojone sing bedho bowone, koyo nyesel wis kebacut ngomong. Raine koyo  bocah cilik, ayune kesaput mendhung. Warno ora kuat nyawang bojone sing mrengut ngono kui.
“Aku ora janji lho, Dik, nanging mugo- mugo yo kasil.”
“Welud kali Pudhak mesthi enak, sego anget, lalapan godhong kates.”
Kupinge Warno dadi kaku amargo krungu ucape Lastri sanajan mung lirih.
“Kali Pudhak?”
“Kang Mas mboten kerso? Eling, Mas, iki kanggo bayi awakke dhewe. Suk nek ora dituruti  kersone dadi bayi sing ngiler piye? Dadi bayi sing ora purun nurut ngendikane wung tuwo, pripun, meniko penjalukan sing gampil tho?”
Kali pudhak lagi banjir. Banyu sing kasorot bulan katon mengkilap, bulane katon ngrendem ono jroning kali. Banyu sing mbludhak dadikke bingung Warno, ngendhi ngolek cop welud. Wis sawetoro mlaku ono pinggire kali durung nemokke cop welud.
Suara gemreneng soko pabrik Sritex marai wengi dadi ora kroso sepi. Sanajan soyo wengi, gemreneng mau malah samsoyo krungu, tekan adoh malah isoh tekan ndesane Warno sing jarakke petang kilometer.
Warno wis nglungkrah amargo durung enthuk welud. Lungguh ono sak dhuwure watu sing gedhe. Arep mulih wedi menowo Lastri nesu, darani ora sayang karo anak. Sakjroning limang menit liwat lungguh ono kono, mripatte Warno kaget nyawang banyu sing koyo muter ono pinggirane kali. Banyu sing muter lan tengahe dadi cilik lan jeru. Koyo angin lesus ning cilik. Akeh iwak sing kemrampul, jedul soko njero lan jeburan ono kali. Mripat Warno nyapodoake, kuwi dudu mung iwak thok, nanging ono welude sing pating plunther ngubengi banyu sing isih koyo lesus.
Welud-welud koyo ngrombol, nglompat ndadike semangate Warno pingin ngranggeh, nganti koyo nyawang esemme Lastri sing manis ngenteni ono ngomah.
“Pingin anakku diijabah Gusti.” bathine Warno.
**
Sakpungkure lungone simbok, Lastri kethok lungkrah, anane mung ngalor ngidul ora ono juntrunge. Bener omonge simbok mau, kenopo ndadhak nggolek  welud no kali Pudhak.
“Kali Pudhak lagi wingit-wingite, wingi ono sing kinthir durung ketemu mayite.”
Suara simbok ora bisa ilang soko kupinge Lastri. Atine samsoyo bingung. Ora mungkin dhewekke nyusul, ora mungkin simbokke sing wis tuwo ngekek dikon mlaku nyusul Warno. Saiki anane mung bingung, arep donga ugo bingung. Ora ono donga khusyuk nek atine mung was-was.  
Mangkat no amben ora lali Lastri njupuk sarunge Warno, sarung sing mambu apek kuwi dadi kemul ben rasa salahe diapuro karo Warno.
“Saben tahun kali Pudhak mesthi njaluk nyowo.”
Suarane simbok isih kagowo, marai mripatte Lastri mung ketap-ketip nyawang bantal sing biasane dienggo Warno. Ora kroso luh netes nelessi bantal, jebule ora mung luh matane Lastri nanging grimis wis teko ndadhak. Grimis sing nambah atine samsoyo ora karuan.
Ketambah maneh rasa salah jroning dadane, Lastri nyesel, kenopo mau sore njaluk welud wae soko kali pudhak. Ora kelingan welingge sesepuh menowo wayah wengi kudune ora oleh dolan ono kali. Kali kuwi panggon dumunge dedemit, dolananen makhluk sing ora katon mata. Opo maneh sak awan mau mung udan wae, mesthi kaline banjir. Iki wis jam sewelas, dhelok maneh tengah wengi, lan Warno durung mulih. Mripat sing wis ngantuk angel banget arep diturokke, dadi bingung, sedelo-delo nginguk jam sing suarane ngelingke karo Warno.
Lastri nyepadake, njobo kae suara wong uluk salam po gerimis sing nrocohi lawang. Suara salam soko njobo samsoyo banter, dadikke Lastri sadar soko lamunne sing turun. Koyo suarane bojone, rikat sikile mlangkah soko amben sing kemriyet.
Pintu langsung dibukak, Lastri nyawang nganti ora kedhep pawongan sing ora liyo bojone dhewe.
“Lak apik-apik wae tho, kang?
Lastri langsung ngrangkul Warno. Warno sing lagi bungah atine amargo isoh nggowo bali welud  dadi bingung.
“Ono opo tho, Las, iki lho tak gawakke welud akeh kanggo calon anake  dhewe.”
“Aku wis ora perlu welud, Kang, ono Kang Warno ono cedhakku wae aku wis narimo.”
Welud sing direnteng diuncalke Lastri ono njobo omah. Suara Lastri sing nganggo nangis nambahi bingung Warno. Nanging atine Warno ayem ngrasakke indahing wengi kuwi. 

Solo Pos, Oktober 2010  
Rabu, 24 April 2013
Sayembara Menulis Novel Islami Bunyan-Bentang Pustaka 2013
Halo pembaca buku Bentang!

Apa kamu suka menulis novel Islami? Apa kamu pernah bermimpi mendapat banyak hadiah dan tulisanmu diterbitkan? Sekarang saatnya mewujudkan mimpimu, ayo ikutan Sayembara Menulis Novel Islami Bunyan-Bentang Pustaka 2013! :D

Sayembara Menulis Novel Islami Bunyan-Bentang Pustaka 2013
Tema: Seribu Wajah Muslimah

Syarat dan Ketentuan:

Naskah ditulis dalam bahasa Indonesia sepanjang minimal 150-250 halaman A4, 1,5 spasi menggunakan font Times New Roman ukuran 12 pt.
Naskah merupakan karya orisinal, bukan terjemahan, saduran atau jiplakan.
Naskah mengandung nilai-nilai Islam universal yang toleran, penuh cinta kasih, anti-kekerasan dan inspiratif.
Naskah TIDAK mengandung kebencian, dogma, isu SARA dan pornografi.
Naskah belum pernah dipublikasikan di media cetak maupun online, dan tidak sedang mengikuti sayembara sejenis.
Naskah dikirim ke alamat:

bunyan.bentang@mizan.com

atau ke:

Redaksi Fiksi Bunyan
Jl. Kalimantan G-9A
Sinduadi, Mlati, Sleman, Yogyakarta

Tuliskan [FIKSI BUNYAN] Judul Naskah (garis miring) Nama Penulis
di pojok kiri atas amplop atau di subjek email.

Lampirkan:

- Sinopsis naskah
- Biodata dan profil lengkap penulis
- Kartu identitas diri (KTP/SIM/Paspor)
- Formulir pengiriman naskah (bisa di unduh disini)

Satu email/ amplop hanya boleh berisi satu naskah beserta lampiran lengkap. Peserta boleh mengirimkan lebih dari satu naskah dalam email/amplop terpisah.
Naskah ditunggu paling lambat 30 Juni 2013.
Pemenang akan diumumkan melalui facebook, twitter, blog dan website Bentang Pustaka pada pada bulan Juli 2013.
Keputusan juri adalah mutlak dan tidak dapat diganggu gugat.

Hadiah

Juara 1
uang tunai sebesar Rp 5.000.000 + tablet PC + paket buku dan merchandise dari Bentang Pustaka senilai Rp 300.000 + kontrak penerbitan buku

Juara 2
uang tunai sebesar Rp 3.000.000 + tablet PC + paket buku dan merchandise dari Bentang Pustaka senilai Rp 300.000 + kontrak penerbitan buku

Juara 3
uang tunai sebesar Rp 2.000.000 + tablet PC + paket buku dan merchandise dari Bentang Pustaka senilai Rp 300.000 + kontrak penerbitan buku

10 naskah pilihan akan mendapatkan paket buku dan merchandise dari Bentang Pustaka senilai Rp 300.000 + kontrak penerbitan buku

Merasa tertantang? Yuk kirim naskahmu sekarang juga! Kami tunggu ya!

Palemboko, tempat nyaman penuh pesona

Tak ada habisnya, tempat yang nyaman selalu dicari. Waktu luang, dipergunakan untuk mencari hiburan, menenangkan pikiran, kenyamanan  dan me...