Udan
saka mau awan durung leren. Truk wedi sing biyasane liwat ping papat nganti ping
lima saben dinane, dina iki babar blas ora ono sing lewat. Gunung merapi sing
njebluk dino-dino kepungkur marai atine Darno samsoyo kethar-kethir, duwit sing
ono kanthong gari isih telung ewu, cukup kanggo tuku kopi segelas, rokok rongler.
Isih maneh gerimis ngene iki marai
wethenge krasa mlinthir, krasa luwe amargo soko mau esuk mung sarapan pohong
goreng loro, iku wae sing akek mas Jiman.
“Ojo
mung ngalamun, dadi wong cilik kudu ikhlas, ora oleh ngresah. Sing isoh
dilakoni saiki dilakoni wae. Ora oleh mikir liya-liyane.”
“Ning
piye tho, Mas.”
“Piye
apane, bojomu sing wis arep mbabari?”
Sakbanjure
mas Jiman ngelongake rokok tingwe, nanging Darno milih mbakau lan sek sing isih
ono njeru bundelan, lan tangane nglinting mbakau mau. Kanggo ngilangke adem lan
nahan luwe isohe mung klepas-klepus, sanajan mbakaune apek.
“Kok
yo, njebluk to, Mas?”
Pitakone
Darno karo ngleposke pelok dadiake mas Jiman kaget, nanging mung sedelo. Wong
tuwo sing umure seket taun kuwi bali maneh karo lambene sing klepas-klepus lan
nyawang banyu sing nlisir cagak omah.
“Ngene
iki kersane gusti, ora ono manungso isoh ngowahi opo sing wis dadi pepesthi.
Mbok arep nggawe opo wae kangga mbendung bebendhu, arep nganggo alat sing
canggih koyo ngopo, nek Gusti ora marengke, pintere manungso mung sak regete
tumo.”
“Lha
opo laire anakku pas aku ora duwe duit yo dikersake Gusti Aloh ngono kuwi?”
Mas
Jiman ora njawab pitakon kuwi, nanging matane nyawang raine Darno sing katon
melas meh wae rai kuwi ora ono getihe, ora ono pangarep-arep kanggo sesuk-esuk.
**
Omahe
bidan Dibyo akeh banget sing lagi bayen, wis ora ono kamar kosong. Bejone Darno
isih isoh manggon kamar paling pojok, pinggir kebon. Ing omah bayen sing jembar
kuwi ora ono pawongan sing mrengut, kabeh koyo kebak bungah. Podho geguyonan
lan jagongan gemreneng. Ing kamar liyane tangise bayi malah dadi gendhing dhewe,
koyo balapan karo gemrenenge sing podho thilik.
“Ojo
kakehan ngalamun, No, cepet dijupuk thermos wedang panas, engkow bengi isoh lak
dinggo nggawe kopi apa teh.”
Darno
isih meneng, gegere isih semendhe ono tembok nyawang bojone sing turu saka mau
sore.
“Cepet
tho, Le!”
Omongane
simbok babar blas kaya ora dirungoke Darno. Simbok banjur nyedhak lan njiwit
tangane Darno.
“Le,
gek ndhang mangkat kana lho!”
Darno
hanjegegeg, kaget ngrasake tangane lara.
“Ojo
mung nglamun wae. Ono wong tuwa saka mau ngomong malah mung disepelekke. Cepet
dijupuk thermose!”
“Nggih,
mbok, sinten sing nglamun niku?”
Darno
semawur karo nyedak bojone, nyawang sedela sakbanjure mlangkah metu. Simbok
mung ngurut dada nyawang manthune sing koyone lagi bingung kuwi.
Lakune
Darno alon-alon, laku macan luwe, matane wis mbrebes mili. Dadi wong urip sing
dirasakke paling abot koyo wengi iki. Sanajan kabeh uwong ngomong dheweke
enthuk kanugrahan, nanging Darno sing ngrasake malah sakwalike.
“Anakmu
lair lanang, slamet, nggantheng koyo bapakke. Apa maneh iki wulan becik, wulan
Besar sing akeh kaberkahan.”
“Kudune
kowe akeh syukur, No, bojomu ora sah operasi bedah. Dadi duwite ora enthek
akeh.”
Darno
ora isoh lali alemane mas Jiman, nanging pendhak kelingan swara kuwi atine
malah kemebyar, ana rasa wedi banget. Apa maneh dheweke babar blas ora nyekel
duwit. Soko ngendi engko anggone bisa mbayar biyaya mondhok, soko ngendi engko
nggawe bancakan kanggo bayi sing jarene wong akeh gantheng.
Sajroning
ngalamun lan sikile mlangkah, koyo-koyo sak ngarepe ana kemlebat nganggu matane
Darno. Wulu ghitoke njegrag, wedi menowo kuwi mau demit sing nunggu wit ringin
prapatan sarean. Mlakune dadi jegegeg, ngamati tenanan apa satemene sing
kemlebat kuwi mau.
“Mbek…mbek…”
Atine
Darno samsoyo menciut, omonge wong akeh demit prapatan sarean biyasane isoh
ngembo apa wae. Krungu swara kuwi samsoyo njegrag wulu githoke. Sanajan wedi,
nanging matane ngawasi kanthi premana nggon sing petheng kuwi.
“Mbek…mbek…”
Kuwi
pancen wedhus, nanging wedhuse sapa wengi-wengi klayapan ana sarean, bathine
Darno. Sikile jangkah alon-alon, nyedhaki kewan kuwi. Wedhuse manut banget, ora
nggronjal-nggronjal sanajan taline diranggeh Darno. Sakngertine Darno kabeh
wedhus sak ndhesa wis dibeleh riyaya wingi.
“Duh,
gusti dongaku wis panjenengan ijabah.”
Wedhus
mau banjur dituntun. Tujuane Darno mung siji. Pasar Carikan, pasar wedhus
Carikan mesthi wus kebak wong. Raine Darno sing mau kesaphut awu, saiki
mbranang. Lambene mung mesam-mesam enthuk kanugrahan gusti.
Nanging
sakrojing ndalan lakune Darno dikagetke khaji Nur sing menehi salam karo Darno.
Khaji Nur karo warga lagi ngempal ana mushola.
“Oalah,
No, aku matur nuwun, jebule awakmu sing isoh nemukke wedhus iki. Aku kat wingi
wis nggawe sayembara. Sopo wonge sing nemokke wedhus iki arep tak ganjar
duwit.”
Darno
sing krungu malah bingung, tali wedhus wis dijalok khaji Nur.
“Aku
matur nuwun banget, sanajan pirang-pirang dina ilang, nanging wengi iki isih
isoh ditemokke. Apa panjalukmu tak rewangi, klambi anyar, onthel anyar, dhuwit, Apa pit montor anyar, omahmu dibangun.
Apa? Apa penginmu?”
“Kulo
mboten ngersake napa-napa, Pak Khaji.”
“O.o,
aku ngerti susahmu, No. wedhus iki titipane wong, pirang dina meneh mesthi arep
dijuphuk. Nek wedhuse ora ono engkow sing isin aku. Kowe sing nylametke aku,
No.”
Darno
samsoyo kaget, mung amarga wedhus sing regane paling seyuta, Khaji Nur arep
menehi hadiah sing luwih akeh. Saking senenge nganti Darno semaput, wong akeh
padha bingung.
kababar ing Solopos, Desember 2010