Dalanan
wis sepi, amung suara garengpung ugo jangkrik sing ora kedhat ngerik. Jangkah
sikil Warno samsoyo rikat, sanajan dalan pathing grinjal nanging sikil mau koyo isoh moco ngendi lemah sing ora
gawe tatu ing dlamakan. Suminar rembulan
terang nanggal purnama, padhang jiglang, bedho karo wengi wengi kepungkur kang
katutup mendhung.
“Mugi
Gusti mangestoni kegayuhan becik iki.” bathin Warno.
Pikirane Warno pathing klidhang, Lastri sing
lagi ngandhut enom kudu njalok dikancani, ora gelem ditinggal sanajan sedelo
maneh. Nanging sore iki mau ono janur gunung. Lastri kepingin maem sambel
welud, welud ora mung sembarang welud,
“Po
yo isoh tho, Dik, dudu musim panen angel
nggolek welud.”
“Iki
dudu kanggo aku lho, Mas, kanggo jabang bayi sing tak kandhut iki.”
Warno
kaget, raine sing mau sumringah koyo gosong. Semono uga Lastri sing nemoni
bojone sing bedho bowone, koyo nyesel wis kebacut ngomong. Raine koyo bocah cilik, ayune kesaput mendhung. Warno ora
kuat nyawang bojone sing mrengut ngono kui.
“Aku
ora janji lho, Dik, nanging mugo- mugo yo kasil.”
“Welud
kali Pudhak mesthi enak, sego anget, lalapan godhong kates.”
Kupinge
Warno dadi kaku amargo krungu ucape Lastri sanajan mung lirih.
“Kali
Pudhak?”
“Kang
Mas mboten kerso? Eling, Mas, iki kanggo bayi awakke dhewe. Suk nek ora
dituruti kersone dadi bayi sing ngiler
piye? Dadi bayi sing ora purun nurut ngendikane wung tuwo, pripun, meniko
penjalukan sing gampil tho?”
Kali
pudhak lagi banjir. Banyu sing kasorot bulan katon mengkilap, bulane katon
ngrendem ono jroning kali. Banyu sing mbludhak dadikke bingung Warno, ngendhi
ngolek cop welud. Wis sawetoro mlaku ono pinggire kali durung nemokke cop
welud.
Suara
gemreneng soko pabrik Sritex marai wengi dadi ora kroso sepi. Sanajan soyo
wengi, gemreneng mau malah samsoyo krungu, tekan adoh malah isoh tekan ndesane
Warno sing jarakke petang kilometer.
Warno
wis nglungkrah amargo durung enthuk welud. Lungguh ono sak dhuwure watu sing
gedhe. Arep mulih wedi menowo Lastri nesu, darani ora sayang karo anak.
Sakjroning limang menit liwat lungguh ono kono, mripatte Warno kaget nyawang
banyu sing koyo muter ono pinggirane kali. Banyu sing muter lan tengahe dadi
cilik lan jeru. Koyo angin lesus ning cilik. Akeh iwak sing kemrampul, jedul
soko njero lan jeburan ono kali. Mripat Warno nyapodoake, kuwi dudu mung iwak
thok, nanging ono welude sing pating plunther ngubengi banyu sing isih koyo
lesus.
Welud-welud
koyo ngrombol, nglompat ndadike semangate Warno pingin ngranggeh, nganti koyo
nyawang esemme Lastri sing manis ngenteni ono ngomah.
“Pingin
anakku diijabah Gusti.” bathine Warno.
**
Sakpungkure
lungone simbok, Lastri kethok lungkrah, anane mung ngalor ngidul ora ono
juntrunge. Bener omonge simbok mau, kenopo ndadhak nggolek welud no kali Pudhak.
“Kali
Pudhak lagi wingit-wingite, wingi ono sing kinthir durung ketemu mayite.”
Suara
simbok ora bisa ilang soko kupinge Lastri. Atine samsoyo bingung. Ora mungkin
dhewekke nyusul, ora mungkin simbokke sing wis tuwo ngekek dikon mlaku nyusul
Warno. Saiki anane mung bingung, arep donga ugo bingung. Ora ono donga khusyuk
nek atine mung was-was.
Mangkat
no amben ora lali Lastri njupuk sarunge Warno, sarung sing mambu apek kuwi dadi
kemul ben rasa salahe diapuro karo Warno.
“Saben
tahun kali Pudhak mesthi njaluk nyowo.”
Suarane
simbok isih kagowo, marai mripatte Lastri mung ketap-ketip nyawang bantal sing
biasane dienggo Warno. Ora kroso luh netes nelessi bantal, jebule ora mung luh
matane Lastri nanging grimis wis teko ndadhak. Grimis sing nambah atine samsoyo
ora karuan.
Ketambah
maneh rasa salah jroning dadane, Lastri nyesel, kenopo mau sore njaluk welud wae
soko kali pudhak. Ora kelingan welingge sesepuh menowo wayah wengi kudune ora
oleh dolan ono kali. Kali kuwi panggon dumunge dedemit, dolananen makhluk sing
ora katon mata. Opo maneh sak awan mau mung udan wae, mesthi kaline banjir. Iki
wis jam sewelas, dhelok maneh tengah wengi, lan Warno durung mulih. Mripat sing
wis ngantuk angel banget arep diturokke, dadi bingung, sedelo-delo nginguk jam
sing suarane ngelingke karo Warno.
Lastri
nyepadake, njobo kae suara wong uluk salam po gerimis sing nrocohi lawang. Suara
salam soko njobo samsoyo banter, dadikke Lastri sadar soko lamunne sing turun.
Koyo suarane bojone, rikat sikile mlangkah soko amben sing kemriyet.
Pintu
langsung dibukak, Lastri nyawang nganti ora kedhep pawongan sing ora liyo
bojone dhewe.
“Lak
apik-apik wae tho, kang?
Lastri
langsung ngrangkul Warno. Warno sing lagi bungah atine amargo isoh nggowo bali
welud dadi bingung.
“Ono
opo tho, Las, iki lho tak gawakke welud akeh kanggo calon anake dhewe.”
“Aku
wis ora perlu welud, Kang, ono Kang Warno ono cedhakku wae aku wis narimo.”
Welud
sing direnteng diuncalke Lastri ono njobo omah. Suara Lastri sing nganggo
nangis nambahi bingung Warno. Nanging atine Warno ayem ngrasakke indahing wengi
kuwi.
Solo Pos, Oktober 2010
No comments:
Post a Comment