Saturday, December 7, 2013

Pitenah




Wus limang dina nggenahe omahe lik Karto kuwi suwung. Tanggane kang omahe dempetan lan tunggal sumur ngandhake menawa lagi tindakan nggoleki bojone kang lunga ana ing Lampung. Jenenge wae garwa--sigaraning nyawa mesthine ora amor karo sisihan wus pathang wulan  anane bedha, mung klisikan, lan ngetungi usuk kang kebak sawang. Nanging ana maneh kabar liyane, lungane iku mau jarene nlisik kabar kanginan. Bojone sakjene iku wus bali, nanging saiki sedheng karo wong lanang liya. Jarene penggaweyane kontraktor, sugih mblegedhu,  gawanane prahoto, lan dununge ana Klaten.
Krungu kabar kang ora nggenah iku mau saktemene aku wus ora patiyo ngrawes. Babagan iku kanggoku wus melu wilayah personal, dadi dudu urusanku, kayane menawa melu-melu iku malah dadi luput. Isoh-isoh diarani legan nggolek momongan. Mesthine aku wegah diarani lan kedakwa mangkono iku. Keluwargane dhewe wae isih butuh dirumat kok, malah melu metani omahe liyan.
Nanging, kabeh panemuku mau dadi luntur, dadi leleh kaya es kang kena panas ing mangsa ketiga. Gara-garane tanpa  sengaja ketemu karo Lik Tumini  ana Pasar Klewer. Saktemene aku dhewe ora duwe niyat dolan ana Pasar klewer, lha kok iki pas niyatku arep nggolek buku lawas ana saklore alun-alun  makjegagug saklebatan kaya reti Lik Tumini.
Pancen ana kang bedha. Rambute saiki wus ditutupi krudhung. Sadhangane resik lan kaya sandhangane wong arep tindak pengajian. Iki mawa tandha-tandha menawa bener ana kang ora beres. Mesthi ngene iki, lakune wong kang culika. Wus akeh conto menawa babagan iku. Saben dina ana tipi kae wanadya kang korupsi, colong-jupuk duwit Negara mesthi terus nganggo krudhung. Dupeh isoh nutupi tumindake kang nalisir saka paugeran. Sandhangane trus dadi katutup, mligine ben enthuk sebutan muslimah.
Jebul Lik Tumini wis isoh melu-melu nggon tipi kae. Lha malah kang nambahi kagetku, sapa pawongan lanang kae. Nampani blanjanane lik Tumini trus dileboke ana Kijang Ijo. Bhadalah tenan, jebul bener kandhani wong-wong kae. Iki nambahi bukti, Lik Tumini pancen sedheng. Dhaksawang terus kijang ijo iku nganti budal, ninggalke parkiran  alun-alun lor. Wus tak tumpes niyatku nggolek buku.
Sepedha montor dakgas, trus muter bali ngliwati museum wayang, supit urang lan kraton. Rasane atiku kaya sebel nyawang kedadeyan ngono iku. Aku kelingan Lik Karto, Hasnah, lan Bagas. Pacobaning urip kok ya kaya ngono. Anake kang sekolah ana SMP mesthi dadi kendho pikire. Aku kudu ngomong marang lik Karto babagan iki mau. Sakdurunge kebacut sakabehing kudu diakhiri.
Tekan gapura sisih kidul, sepedha montorku dak alonke. Jebul tumbu oleh tutup, ana Lik Karto lagi ngiras ana es plengeh. Lik Karto mesem weruh aku, nyumanggaake, nggeser lungguhe lan nyalami tanganku. Aku banjur pesen sop buah lan nyawang kahanan, pantes ora ngomong bab wigati ana panggonan kene. Sakjine panggonane isih sepi, durung ana cah sekolah jajan lan nongkrong. Lambeku kaya dikunci. Arep miwiti gunem kaya ora tegel, Lik Karto sajak bungah, dadi dak simpen wae gunemku kanggo wektu seje. Pancen bener, Lik Karto lagi bungah, sop buahku wus dibayar sisan, trus jarene arep nutugne laku.
**
“Aja ngayuwara lho, Pak. Lik Karto ki budhal no Lampung. Kok malah nge es barang.”
“Apa aku tau goroh tho, Bu. Iki bener. Malah aku dibayari sisan je. Babagan Lik Tumini aku ya bener. Sanajan aku kerep ana ngarep komputer, mripatku isih sehat.”
“Apa iya…ya…Iki mau omahe Lik Karto uga ngudunke pasir lan semen kok, Pak.”
“Lha, lak bener tho. Sik, apa sakjane lik Karto reti menawa bojone kuwi sedheng trus malah diumbar. Didol…”
Lastri banjur meneng. Dheweke kaya ngiyani gunemku, lan jenenge penulis mesthi analisane lantip. Lastri blas ora nyauri maneh, malah saiki mesem lan ninggalke aku dhewean ana omah ngarep. Saka mburi Lastri nawani kopi, nanging wektu iki aku pingin sowan ndaleme pak erte Jiman, mbokmenawa nduweni gagasan luwih becik kanggo sakabehing.
Lakuku wus tekan sakngarepe omahe lik Karto kang kencar-kencar lampune. Pancen wong begja kuwi nemu kebacikan ana sakdengah papan, erte Jiman lagi nongkrong ana kono, banjur dak awe. Kanthi omongan lirih  blaka suta apa wae kang dak weruhi mau awan. Erte Jiman malah kaget,
“Tenane lho, Mas. Aja pitenah lho.”
Swarane erte Jiman iku banter lan kayane keprungu lik Karto kang nyepaake wedhang ana meja. Lik Karto mung malah mesem, trus ngaturi erte Jiman nyicipi wedhange.
Daklanjutke critaku, nganti analisaku kang runtut. Muga-muga wae erte Jiman ngerti niyatku mbukak babagan iki.
“Iya, Mas, dak cobane dhisik.” sumawure erte Jiman.
Aku lan erte Jiman trus lungguh ana bale, ambune kopi ora isoh ditampik saka irung. Lagi saksruputan dumadhakan ana Kijang ijo mandeg. Bener iku Kijang ijol mau awan.
“Wah, kepenaran, Pak erte, menika wonten rayi kulo ingkang lami mboten ketemu.”
Lik Tumini mudun soko Kijang ijo iku, trus disusul pawongan lanang bagus. Tangga teparo kang reti ana Kijang anyar mandheg banjur padha moro, salaman karo lik Tumini diteruske geguyonan.  Aku njegegeg meneng wae, kaya patung.
Aku mlipir mulih. Atiku rasane wus ora karuan. Lagi dina iki rumangsaku dadi manungsa kok ora duwe aji. Tujune wae ora ana tangga utawa wong liya kang aku wenehi kabar mau. Menawa ana, mesthi aku tambah isin, dadi wong kang ora isoh njaga ilat lan uni. Bojoku kang nglorohi saka pawon ora tak rewes, mung dak sauri menawa aku kesel. Aku mlebu kamar lan ngliwati pangilon. Kaya ana kang bedha ana sirahku. Dhaksepadake kanthi premana ana sakngarepe pangilon. Bener, ana kang bedha. Bener,  sakliyane ilatku metu amarga dhowo  uga ana sungu kang isih cilik ana sirahku, saknduwure kuping. Hadeuh.  

Kapacak ing Jagad Sastra Solopos, sasi September 2013

No comments:

Post a Comment

Palemboko, tempat nyaman penuh pesona

Tak ada habisnya, tempat yang nyaman selalu dicari. Waktu luang, dipergunakan untuk mencari hiburan, menenangkan pikiran, kenyamanan  dan me...